Cerkak tentang kekancan

MINION

      Nalika Sari lagek wae melebu SMA. Mbien Sari sekolah ana ing SMP N 1 TRUCUK,nanging saiki dheweke munggah SMA, sekolah ana ing SMA NEGERI MODEL TERPADU BOJONEGORO.Nang SMA dheweke oleh kenalan kanca saka SMP sak kabupaten Bojonegoro,ing SMA Sari nduwe kanca anyar yaiku Ria,Tina,Hesti,Lina,Dian,Junaedi,Efendi,lan akeh maneh.Nanging Sari luweh cedhak lan dadi kanca apike Hesti, Tina, Ria lan Lina. Istilah basa Indonesiane iku kaya sahabatan. Ria iku bocahe apikan,ayu pinter sisan. Hesti iku bocah e menengan,. Lina iku bocahe ayu lan pemikirane dewasa. Lan seng terakhir iku Tina bocah e paling pinter lan paling cilik saka cah 4 mau. Saben dina cah 5 mau nandi-nandi bebarengan,ora butuh wektu suwe gawe cah 5 kui iso cedhak.
      Dina ganti dina kekancane cah 5 mau tambah raket sarasa kaya dulur dhewe,susah senenge dekne kabeh kuwi diatasi bareng-bareng,saben salah sijine nduweni masalah cah papat mau mesthi melu nulungi.Tapi jenenge kekancan nek enek senenge mesthi ya ana susah e. Sawijining dina, ora kaya biasane Tina lan Ria iku meneng-menengan lan katon wis telu dina ora guneman,Sari,Hesti,lan Lina ya bingung enek apa karo cah 2 kuwi. Amarga kuwi Lina sing pemikirane paling dewasa njajal nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah5 iku ora pedhot gara-gara pekara sepele.
     "Ri,tak delok-delok wis telu dina iki kok ora guneman karo Tina, emange kowe ana masalah ta karo Tina? "takon Lina.
     "Ora kok Lin, ora ana apa-apa"jawabe Ria singkat.
     "Ayo eh Ri, ora usah mbujuk kene kan kanca, aku wis nganggep kowe kabeh iki sadulurku, masa iya kekancane kene pedhot gara-gara masalah sepele mesthi ana samubarang ta? Sapa ngerti aku, Sari, Hesti isa ngiwangi".
     "Lin, sebenere pancen aku karo Tina wis telu dina iki ora takonan, tapi iki merga kabeh salahe Tina kok e, ngene ya Lin tak ceritani, dek nane kan ana klumpukan ta ning aula, la Tina kuwi ngongkon aku ngenteni dheweke ana ning gazebo, niate kan mben rono bebarengan tapi aku wis ngenteni dheweke suwi malah bocah e ora teka-teka lan nyatane dhewe uwis ning aula karo bocah-bocah liyane, aku ya ghelo ta Lin,dheweke ora njalok sepura ning aku,dikirane kaya ora ana apa-apa".
     "ooo.. Ngono ta Ri, la tapi kowe ya ora seharuse meneng o Tina,jajal takoni kenapa cah e ninggal kowe, sapa ngerti bocah e lali ya jenenge menungsa, mesthi ana lupute.Kowe yo roh dhewe ta Tina wi bocah e lak mesthi guyu ae apa wae sebab e lak mesthi mringis ae".
     " Iya Lin, kowe bener, iya mangke tak takonane Tina kenapa dheweke  ninggal aku pas wayah kuwi".
     Moro-moro Sari, Hesti,Tina teka, "lha iki apa Lina karo Ria,digolek i ana ning ngendi-ngendi gak enek jebul e ana ning kene ta " jarene tika.
     "Tin, aku njalok sepura ya, yen telu dina iki aku ora nakoni kowe,salahem dhewe pas dek nane ning aula kowe njalok ngenteni aku malah akune mbok tinggal".
     " Oalah kuwi ta masalahe kowe ora nakoni aku, tak kiro aku ana salah apa sampek telu dina ora mbok takoni, iyo Ri aku ya njalok sepura ya nek pas wayah dek nane wi aku ninggal we, soale dek nane iku aku di timbali bu guru dadine aku ndek ruang guru dhisek ,la bar iku aku marani ndek gazebo nyusul kowe eh mangkatan kowe gak enek ning kono yo tak kira kowe wis ning aula ndhisik ta Ri".
     "hahaha iya Tin berarti lak kene golek-golek an nu ya, kene tetep kekancan ta? "takonane Ria karo guyu.
     "He.em ora mung kanca Ri, kowe, Sari, Lina, lan Hesti uwis tak anggep kaya dulur ku dhewe ".Tina ngomong sinambi ngerangkul cah 4 iki mau.
     "Wah, alhamdulillah kene isa kumpul maneh bocah lima, uwis seharuse kene padha ngapurani siji marang liyane "jarene Hesti.
     Cah papat mau bebarengan ngomong "enggih Hesti sayang" kaliyan guyu.
     Jenenge kekancan mesthi ana susahe, nanging susah iku ora rampung amerga mesthi di jaluki ngapura uga maafke sing salah. Bocah lima iki mau wis kaya keluarga dhewe, sampek sak iki bocah lima mau tasek kekancan.Ing atine Sari,"muga-muga kekancan iki ora bakal bubar, muga-muga iki sahabat sing paling isa di banggake, sahabat sing paling tak tresnani.
     Persahabatane bocah lima iki iso apik lan melaku kaya apa sing dikarepake.Amarga cah lima mau cilik-cilik kaya dene minion sing lucu-lucu lan cilik-cilik mangkane bocah-bocah ngewenehi kekancane bocah lima iki mau para minion.
      

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Data diri